Monday, November 22, 2010

AJUR

Menawa ketiga dhawa
Lemah-lemah padha garing
Sawah mlethek
Saking panase

Kewan-kewan padha mati
Matine neng nduwur lemah

Gempa mulai ngrusak
Ngrusak sakkabehane bangunan

Omah-omah padha ambruk
Ora mung sithik
Getih kang kececeran
Ngebak-ngebak'i dalan

Geni njilat-njilat ana adoh
Njilati apa wae kang iso dijilat
Banyu-banyu padha kewur
Kewur marani geni

Wong-wong padha mlayu
Sirahe bocor
Tangane tugel
Awake tatu
Pontang-panting mrana-mrene
Ngrameake dina iki

No comments:

Post a Comment